WELCOME TO MY BLOG.:::WELCOME TO MY BLOG.:::WELCOME TO MY BLOG.:::WELCOME TO MY BLOG.:::WELCOME TO MY BLOG.:::WELCOME TO MY BLOG.:::WELCOME TO MY BLOG

Jumat, 12 Maret 2010

Pambuka Tanggap Wacana Ing Dinten Iedhul Adha


Assalamu’alaikum wr. wb.
Bapak-bapak, Ibu-ibu, para sedherek muslimin wal muslimat ingkang satuhu bagya mulya.
Puja miwah puji syukur alhamdhulillah mugi konjuk ing ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun paring berkah saha hidayah dhumateng kita, bilih ing dalu punika kita sami saged makempal wonten ing ………….. saperlu angregengaken dinten ageng kangge kita umat Islam dinten Iedhul Adha utawi Idhul Qur’ban.
Bapak-bapak, ibu-ibu, kaum muslimin wal muslimat, dinten ari raya Idhul Qur’ban punika mengeti rikala kanjeng Nabi Ismail A.S. dipunsembelih tiyang sepuhipun inggih punika kanjeng Nabi Ibrahim A.S. minangka pangujining Allah SWT dhumateng kanjeng Nabi Ibrahim A.S. kaliyan putranipun Ismail. Kados pundi kataqwaan saha sih katresnanipun kanjeng nabi dhumateng Allah SWT. Awrat pundi tresnanipun dhumateng pangeranipun, punapa awrat tresnanipun dhumateng putranipun. Kabukten tresnanipun dhuma¬teng Allah langkung tresna dipuntimbangaken kaliyan tresnanipun dhumateng putranipun. Pramila kanthi. ikhlas Nabi Ibrahim A.S. rila ngurbanaken putranipun, kanthi panguwasaning Allah SWT. Prami¬la Ismail dipungantos satunggaling menda [domba]. Saking kedadosan punika saged kapendhet hikmahipun, bilih kita manungsa kedah ikhlas ngurbanaken bandha saha sadaya ingkang dipunkersakaken Allah SWT.
Kados pundi riwayat saha kadadosan ngengingi kanjeng Nabi Ibrahim dalah putranipun, ing samangke saged dipunpidhangetaken aturipun ………………… ing adicara candhakipun. Wasana, atur pambuka saking kula mboten perlu kula panjang lebaraken .
Akhirul kalam, Bilahittaufiq wal hidayah,
Wassalamu’alaikum wr. wb.
Kawula nuwun!

Tidak ada komentar: