WELCOME TO MY BLOG.:::WELCOME TO MY BLOG.:::WELCOME TO MY BLOG.:::WELCOME TO MY BLOG.:::WELCOME TO MY BLOG.:::WELCOME TO MY BLOG.:::WELCOME TO MY BLOG

Jumat, 12 Maret 2010

Tanggap Wacana Pambuka Mengeti Dinten Maulud Nabi


Assalamu’alaikum wr. wb.
Bapak-bapak, Ibu-ibu kaum muslimin saha muslimat ingkang dahat kinurmatan, saderengipun mangga sesarengan ngaturaken syukur alhamdulillah, dene kula panjenengan sami taksih pinaringan rahmat saha hidayatipun, katitik kula panjengan sekaiiyan taksih saged makempal wonten ing Masjid …………. riki.
Ing dalu {dinten) punika tanggal 12 Rabiulawal taun ……………. utawi tanggal …………. wulan ………… tahun …………… masehi, kita saged makempal wonten ing masjid ………. riki, ingkang saperlu mengeti maulid Nabi junjungan kita jenenganipun Nabi Agung Muhammad SAW, Rasullullah panutan umat Islam. Kula minangka ketua panitia penyelenggara pengetan Maulid Nabi ageng Muhammad Saw ing masjid riki ngaturaken gunging panuwun dhumateng para rawuh ingkang sampun kersa nglonggaraken wekdal hangrawuhi pengetan wiyosipun kanjeng Nabi Muhammad, minangka pratandha sampun manteb lan raos sadhar dhumateng agami Islam minangka pitedah kebahagiaan agesang wonten ing ngalam donya dumugi akherat.mBoten langkung, kula ngaturaken agunging panuwun dhumateng para mudha sanak sedherek ingkang sampun mbiyantu ngenthengaken saha tumut ngrigenaken pengetan Maulid Nabi punika. Kula minangka panitia penyelenggara mboten saged ngaturaken punapa-punapa kajawi pudya pudyastuti dhumateng Allah SWT mugi amal lan kesaenan panjenengan pikantuk lelintuingkang samurwatipun.Wondene inti saking pengetan punika badhe dipunwedharaken Bp Mubalegh ………….. saking …………….
Kula kinten rnenggah atur pambuka, kula cekapi semanten lan pengetan Maulid Nabi ing dalu punika kula bikak (kanthi tandha). Akhirul kalam bilfahit taufiq wal hidayah.
Wassalamu’alaikum wr. wb.
Nuwun !

Tidak ada komentar: