WELCOME TO MY BLOG.:::WELCOME TO MY BLOG.:::WELCOME TO MY BLOG.:::WELCOME TO MY BLOG.:::WELCOME TO MY BLOG.:::WELCOME TO MY BLOG.:::WELCOME TO MY BLOG

Jumat, 12 Maret 2010

Tanggap Wacana Peresmian Wisma


Assalamu’alaikum wr. wb.
Bapak-bapak, ibu-ibu ingkang satuhu bagya mulya, matur nuwun sanget dhumateng juru panata adicara ingkang sampun maringi wekdal dhumateng kula supados ngaturaken tanggap wacana pambuka peresmian wisma kados ingkang sampun karantam wonten ing rantamaning adicara.
Kanthi puja-puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring rahmat Ian hidayahipun, katitik panjenengan sadaya saha kula taksih pinarengaken kempal manunggal silaturahim.wonten ing ngriki, kula minangka ketua Pembangunan Gedung SD ……….. ngaturaken panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng Bp/lbu/Sdr. sekaliyan ingkang sampun paring sumbangsih kadarman ingkang arupi punapa kemawon: bau suku, rigen, pratikel ingkang tulus ikhlas. Langkung-langkung gedung SD ……….. punika minangka wadhah pembinaan putra-putra tunas kelajenganing bangsa.
mBoten kantun ugi kula ngaturaken gunging panuwun dhumateng pisungsung subsidi saking Pamarintah Pusat saking Bapak-bapak pejabat desa. Kula atas nami ketua pembangunan gedung SD ………… mboten saged ngaturaken punapa-punapa, pramila sagedipun namung ngaturaken puja puji pangastuti mugi-mugi lubering sih kautaman, sedaya kala wau pikantuka lelintu saking Gusti ingkang Maha Agung ingkang langkung ageng. Donga pudyastuti ugi katur dhumateng Kadang …………. minangka pemborong sarta sadaya karyawan ingkang sampun kanthi semangat lan pengabdian ingkang inggil lan rasa tanggel jawab ingkang ageng saged mungkasi pembangunah gedung SD punika kanthi rancangan tuwin wekdal ingkang sakmesthinipun.
Bapak-bapak, ibu-ibu para sedherek, ingkang kinurmatan. Kanthi paripurnaning bangunan gedung SD punika, sam¬pun kacekapan sedaya idham-idhamaning masyarakat, ingkang sampun matahun-tahun panjenengan sami idham-idhamaken, satunggaling gedung SD ingkang jangkep persyaratanipun. Kanthi wontenipun gedung SD punika, putra-putri panjenengan saged ngangsu kawruh wonten ing gedung punika. Salajengipun mangga sesarengan kita openi gedung …………… ingkang sampun sumadya, awit kangge njagi kelestarianipun punika langkung awrat katimbang ngadani satunggaling bangunan. Peresmian gedung punika samangke dipunadani Bp ………… ingkang sampun kajibah saha karantam wonten ing adicara.
Kirang wicaksana manawi atur pambuka kula pepanjang. Pramila kula cekapi semanten rumiyin atur tanggap wacana pambuka ing dalu punika. mBok bilih wonten kiranging atur saha kirang trapsilaning tindak tanduk anggen kula matur, mawantu-wantu nyuwun agunging samodra pangaksami.
Wassaiamu’alaikum wr. wb.
Matur nuwun !

Tidak ada komentar: