WELCOME TO MY BLOG.:::WELCOME TO MY BLOG.:::WELCOME TO MY BLOG.:::WELCOME TO MY BLOG.:::WELCOME TO MY BLOG.:::WELCOME TO MY BLOG.:::WELCOME TO MY BLOG

Jumat, 12 Maret 2010

Tanggap Wacana Mengeti Dinten Ibu


Assalamu’alaikum wr. wb.
Ibu-ibu, para kadang remaja putri ingkang kinurmatan. Ing dinten punika menggah pengetan dinten Ibu ingkang kaping ……….
Prastawa ingkang kita pengeti kedadosan wonten ing tanggal 22 Desember 1928. Prastawa ing nginggil punika kedadosan tanggal 22 dumugi tanggal 25 Desember 1928, inggih punika dipunwontenakeh Konggres Wanita Indonesia ing Ngayogyakarta. Konggres punika kangge makempalaken organisasi-organisasi wanita supados makempal dados setunggal.
Pramila saking prastawa lajeng dinten tanggal 22 Desember katetepaken dados dinten Ibu.
Ibu-ibu minangka ibu Kulawarga saha ibu masyarakat. Manawi minangka ibu Kulawarga, ibu minangka pawestri ingkang nggulawenthah putra-putriipun. Kados pundi amrih dados putra saha putri ingkang ing tembenipun saged tanggel jawab dhumateng kulawarganipun, saged mikul dhuwur mendhem jero kulawarganipun. Menawi dados ibunipun masyarakat, kados pundi anggenipun para ibu saged nggulawenthah putra-putrinipun kangge asung bekti dhumateng bangsa negari lan agami. Ingkang tembenipun minangka generasi penerus badhe nerusaken tongkat estafet kepemimpinan.
Ing wekdal punika mboten kantun kula ngaturaken agenging panuwun dhumateng para ibu ingkang sampun kersa nggulawen¬thah putra-putrinipun tumuju dhumateng kasaenan.
Agenging perjuangan para ibu kados sampun ketingal wiwit jaman bangsa kita ngadani perang lumawan penjajah. Ibu-ibu sampun siap wonten garis ngajeng. Semanten ugi wonten ingkang mbiyantu wonten ing palang merah. Tumut ngrawat dhumateng prajurit-prajurit ingkang sami nandhang tatu. Bung Karno, Bapak Proklamator kita, ing bukunipun ingkang asesirah “SARINAH” sampun mendhet tuladha ngendikanipun Napoleon, “Kula nyuwun ibu-ibu ingkang sae, pramila badhe kula gantos bangsa ingkang sae”. Semanten ugi ngendikanipun pejuang India “Mahatma Gandhi”, “kathah sanget tindakan pakempalan kita ingkang mboten kasil ingkang dipunsebabaken kawontenanipun wanita”.
Semanten ugi hadist Nabi ngendikaken, “Bilih wanita punika saka gurunipun negari, menawi akhlak wanita awon pramila badhe awon ugi negarinipun, lan menawi kawontenan wanitanipun akhlakipun sae pramila badhe sae ugi negarinipun”. Ngginakaken pesan ing nginggil, pramila panci ageng tanggel jawabipun para Ibu. Lan sumangga kita kedah ngatos-atos amrih raharjanihg bangsa negari tuwin agami, awit ing tembe wonten ing astanipun para ibu.
Kirang prayogi bilih wacana punika kula beberaken sakelangkung kathah. Pramila kula cekapi semanten kemawon.
Wassalamu’alaikum wr. wb. Nuwun !

Tidak ada komentar: