WELCOME TO MY BLOG.:::WELCOME TO MY BLOG.:::WELCOME TO MY BLOG.:::WELCOME TO MY BLOG.:::WELCOME TO MY BLOG.:::WELCOME TO MY BLOG.:::WELCOME TO MY BLOG

Jumat, 12 Maret 2010

Tanggap Wacana Upacara Pametaking Layon


Assalamu’alaikum wr. wb. ‘ ,
Innalillahi wa innaillahi roji’un.
Manungsa punika asalipun saking Pangeran, wangsulipun dhumateng Pangeran.
Bapak-bapak, ibu-ibu para ta’jiyah ingkang kinurmatan. Kula ingkang kajibah minangka wakilipun kulawarga ingkang nembe bela sungkawa (ingkang nandhang dhuhkita). Ingkang sepisan ngaturaken puja-puji pudyastuti dhateng Gusti ingkang Maha Kuwaos.
Ingkang kaping kalihipun,para ahli waris kulawarga ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng para ta’jiyah sadaya ingkang sampun kersa ngrawuhi saha paring pakurmatan upacara angkatipun layon suwargi almarhum/almarhumah ……………
Kaping tiganipun, para ahli waris kulawarga sadaya ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami katur para sanak sedherek, pamong mitra tangga tepalih, ingkang sampun kanthi rila legawaning penggalih paring pambiyantu lan panyumbang ingkang awujud punapa kemawon tumrap upacara pakurmatan layon. Mugi-mugi sedaya sih kadarman lan amal kesaenan panjenengan sedaya pikantuka lelintu kanugrahaning Pangeran ingkang matikel-tikel.
Kaping sekawanipun, para ahli waris nyuwun gungan donga pamujinipun para ta’jiyah sadaya mugi-mugi rohipun aimarhum/almarhumah ………… pikantuka berkah rohmating Pangeran, pinaringan jembar kuburipun, lepas paranipun, pinaringana pajar marginipun, dipunapunten sedaya kalepatanipun, linebura sadaya dosa-dosanipun, katampia sadaya amal kautamanipun, katampia ing ngarsaning Gusti Allah SWT. Dipunpapanaken wonten ing ngarsanipun Pangeran satimbang kaliyan punapa ingkang dados kautamenipun wonten ing alam bebrayan. Saha mugi sadaya kulawarga ingkang tinilar pinaringan manah ikhlas, rila, lan narima ing takdir, saha pinaringan sabar lan tawakal, lan kekiyatan lahir batin anggenipun ngleksanani dharmaning agesang.Jer manungsa punika namung nampi punapa ingkang sampun tinakdiraken Gusti ingkang Maha Agung. Manungsa namung sadremi nglampah. Manungsa punika namuog titipanipun Pangeran ing sawanci-wanci kapundhut kita amung saged sumarah wonten ngarsaning Gusti ingkang Maha Agung.
Wasana, mbok bilih rikala sugengipun almarhum/almarhumah nggadhahi kalepatan, para ahli waris nyuwun gunging pangapunten.Kula kinten kirang prayogi manawi kathah-kathah anggen kula matur, lan sampun dumugi titiwancinipun layon badhe enggal kaangkataken. Pramila kula cekapi semanten kemawon atur kula,mbok bilih wonten klenta-klentuning atur, kula tansah nyuwun agunging samodra pangaksami.
Wassalamu’alaikum wr. wb.
Nuwun!

Tidak ada komentar: